Sampeyan ora usah ngitung ganjaran, nanging sing penting aja mandek nglakoni kabecikan. – at Lima, Indonesia
"Yen lagi susah eling mangsa seneng supaya bisa sabar...
Yen lagi seneng eling mangsa susah supaya bisa syukur"
#copy_pagi
Senajan saiki uripe bisa mabur dhuwur, besuk matine tan wurung mung bakal dikubur.
#eling
11
4,935
Ora ono pujian tanpa ujian
Ora ono mulya tanpa rekasa
Ora iso ngrasake tentreming ati, yen ora gelem cedak marang Gusti – at Lima, Indonesia
Ora apa-apo mbudhegki kanggo bab sing ora patut dirungokake, Ora apa-apa mbisuni kanggo bab sing ora patut diomongke.
Urip iku ora mung golek panguripan, Nanging piye carane bisa nguripi lan dadi urup, uga kenal Sing Gawe Urip.
Ati, lathi lan pakarti wajibe nyawiji. Yen nganti geseh mesthi jalaran ora nate koksrawungi. Kuwi sing diarani wong lali dhiri.
#pepeling
Urip bebrayan kaya dene wong ngulukake layangan...
ana kalane diulur, ana kalane dipantheng, kudu pinter maca angin kahanan.
#pepeling
"Ngomongke uwong liya yen kebablasen dadi ngrasani, Ngomongke awake dewe yen kebablasen dadi umuk. Kabeh mau kurang becik."
Aja tumindak ala kaya2 yen Gusti Allah iku ora ana, Nanging tumindako becik kaya2 yen awakmu iku wis arep ora ana
"Jenenge mongsa, ana rendeng ana ketiga, ana seneng ana nelangsa, tetep mesem lan percaya karo sing kuwasa" – at Lima, Indonesia
Becik ketitik, ala ketara: tumindak, bener utawa sing luput; becik utawa ala, wis tinamtu undhuh-undhuhane. – at Lima, Indonesia
Dadio wong sing ajar jujur, ajar apik lan ajar becik
ojo dadi wong sok jujur, sok apik sok becik – at Lima, Indonesia
Ojo ngingu prasangka sing ora apik,Wiwitana apa wae kanti prasangka sing apik.
Senajan kahanan awak durung apik, Muga - muga banjur soyo apik

